PEMBAHASAN
SESELAN UTAWI
IMBUHAN WONTEN TENGAH
(INFIKS)
Seselan ing basa Jawi cacahipun wonten 4 inggih
menika (-um-, -in-, -er-, saha –el-)
1. Seselan {-um-}
Seselan –um-
ugi sinebat rimbag bawa ma, amargi
ingkang dipunseselaken ing tembung lingga menawi kanthi apurwa vokal seselan –um- malih dadod m- lan dunung utawi mapanipun wonten ngajeng. Tuladha:
1)
atur + (-um-) umatur matur
atur + (-um-) umatur matur
2)

ili + (-um-) umili mili
ili + (-um-) umili mili
3)

Esem + (-um-) umesem mesem
4)

Ulur + (-um-) umulur mulur
Seselan {-um-} saged andhapuk tembung kriya tanpa
lisan (verba intransitif) lan saged
andhapuk tembung sipat (kaanan utawi watak); aksara /p/ malih dados /g/;
wondene ater-ater nasal (a-) seged andhapuk tembung kriya mawa lesan (verba transitif). Tuladha:
1)
Laku + (-um-) lumaku
2)
Tindak + (-um-) tumindak
3)
Singkir + (-um-) sumingkir
4)
Gagah + (-um-) gumagah
5)
Bagus + (-um-) bumagus
Seselan {-um-} menika kaginakaken wonten ing ragam buku utawi
pangandikan resmi, pustaka, lan krama.
Wondene seselan {-um-} kaginakaken wonten ing pangandikan informal utawi boten resmi, basa padintenan.
2.
Seselan {-in-}
Seselan {-in-}
ugi dipunwastani rimbag tanggap na,
jalaran tembung lingga ingkang kaseselan {-in-}
mesthi dados tembung kriya tanggap (kata
kerja pasif).
(1)
Seselan {-in-} menawi kasambung tembung lingga
ingkang kawiwitan vokal, seselan {-in-}
malih dados {-ing-} lan dumunung
utawi mapan wonten ngajenganipun tembung. Ananging menawi purwanipun tembung
awujud konsonan lan tembungipun pikantuk seselan {-in-}, boten ngalami ewah-ewahan.
(2)
Seselan {-in-} katambah panambang {-an, -ake/
-aken, -a/ -ana, -na}
Tuladha :
tigangisan, tinangisana,tinumbasana, tinumbasaken, ginawanana, binukakna.
3.
Seselan {-er-} lan {-el-}
Seselan {-er-, -el-} gunggun utawi cacahipun namung
sekedhik, jalaran, boten sedaya tembung saged kawuwuhan seselan {-er-} lan {-el}. Seselan {-er-} asring dados {-r-}, lan seselan {-el-}
asring dados {-l-}.